KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : SHOLAT SEBAGAI KEPRIBADIAN MUSLIM

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : SHOLAT SEBAGAI KEPRIBADIAN MUSLIM

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken puja puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Miturut kalender hijraiyah, dinten Kamis Legi kala wingi tanggal 27 Rejeb warsa 1434, sesarengan kaliyan tanggal 6 Juni 2013, kita kaum muslimin sesarengan mrengeti satunggalipun prastowo ageng, inggih punika Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW, senaoso mbok bilih masalah punika sampun natos kita bahas, khususipun wanten ing mimbar Jum’at, namung krarana pentingipun masalah punika, pramila keparenga ing kesempatan siang punika kita aturaken malih. mugi-mugi kita saget mendhet hikmah saking sedaya atur punika.

“Pitu likur Rejeb Nabi Muhammad SAW Isro”. Saka Masjidil Haram menyang Masjidil aqsho. Gusti ndudohake tanda-tanda keagungan mau marang umat Islam sak ndonya. Menyang angkasa kanggo nampa dawuh sholat. Sholat fardhu kanggo umat Islam. Ping lima ndalem sedina sa wengi. He sedulur muslim sing percoyo. Dekno sholat sing lima wektu iku. Aja dilirwakake. Aja disembranakake. Cagake agama. Sing mbela wakmu”

            Syair ingkang kula aturaken kasebat, salah satunggalipun rupi panaliten lan asil saking pengajian dhumateng firman Allah, Surat Al-Isro” ayat 1, ingkang dados dasar wantenipun prastawa Isro’ lan mi’roj Nabi Muhammad SAW :

سُبۡحَـٰنَ ٱلَّذِىٓ أَسۡرَىٰ بِعَبۡدِهِۦ لَيۡلاً۬ مِّنَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ إِلَى ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡأَقۡصَا ٱلَّذِى بَـٰرَكۡنَا حَوۡلَهُ ۥ لِنُرِيَهُ ۥ مِنۡ ءَايَـٰتِنَآ‌ۚ إِنَّهُ ۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡبَصِيرُ

 “Maha Suci Allah, sing wus nglakokake kawulane ana ing sawijine wengi saka Masjidil Haram menyang Masjidil Aqsha. Sing wus engsun berkahi sak kupenge. Supaya engsun ndudahake sebagian tandha-tandha kekuasaningsin. Satemene piyambake iku Maha Midhanget lan Maha mriksani”.

            Ayat kasebat, saget dipun pendhet pinten-pinten pangertosanipun, ing antawiisipun :

  1. Tembung “سُبۡحَـٰنَ” , ingkang artosipun “Maha Suci”, ingkang ngandhung maksud bilih Isro’ Mi’roj menika sampun dipun kersakaken dening Gusti ingkang Maha Leres lan Maha wicaksana, minangka tugas ingkang saget dipun ginakaken kagem cecepengan lan pedoman pemimpin ageng sedaya umat manungsa, inggih punika Nabi Muhammad SAW, nuju margi pagesangan ingkang mbekta keselamatan lan kebahagiaan ing ndonya lan ing akhirat.
  2. Bilih Nabi Muhammad SAW bidal saking Masjidil Haram dhateng Masjidil Aqsha. Ngandung makna bilih Nabi Muhammad SAW bidal saking panggenan ingkang suci lan mulia nuju panggenan ingkang suci lan mulia ugi, inggih punika masjid, lan mbekta tujuan lan printah ingkang suci lan mulia, inggih punika shalat gangsal wekdal.
  3. Kanthi ayat kasebat dipun tegasaken ugi, kannthi tembung “wus ingsung berkahi sak kupenge”. Hal punika ngandung pangertosan bilih prastawa Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW kasebat ngandhung pinten-pinten hikmah/pelajaran ingkang kathah manfaatipun kagem pagesangan umat manungsa. Kangge keslametan lan kesejahteraan manungsa piyambak.
  4. Saking sedaya ayat kasebat ngandhung makna bilih prastawa Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW, minangka mukjizat ingkang paling ageng saking Allah SWT, Gusti ingkang Maha kawasa lan Maha Prakosa. Anglangkungi prakosanipun lan hebatipun manungsa. Kadas dene kita sedaya priksani kemajengan ilmu pengetahuan lan tehnologi, sak punika sampun ngambah tatanan angkasa. Punapa malih ing tahun-tahun badhe dateng kula kinten perkembangan ngalam ndonya badhe dipun tujoaken dhumateng kemampuan lan pengusaan ilmu pengetahuan lan tehnologi canggih. Kalebet panaliten ngengingi ruang angkasa.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Malah sampun dhek rikala tahun 1996, dipun kabareken bilih para ahli ruang angkasa As NASA, mratelakaken bilih ing lintang Mars wanten tandha-tandha pagesangan. Kita dereng saget ngaturaken, punapa kanthi penemuan punika mangke lintang Mars punapa saget dipun panggeni manungsa, Wallahu a’lam. Allah SWT ingkang Maha Suci lan Maha Mriksani dhateng sedaya kedadasan.

ing Indonesia ugi sampun dipun kembangaken industri kedergantaraan, malah siswa SMK ugi sampun wasis ngrakin pesawat terbang, meskipun namung saget ngrakit, anaging menika nedahaken bilih bangsa Indonesia sampun saget dipun wastani majeng ing babagan tehnologi canggih. sebab nyatanipun, kanthi perkembangan ilmu pengetahuan lan tehnologi canggih punika, hubungan setunggal nagari kalian satunggalipun, langkung gampil lan langkung cepet. kadas perjalanan jamaah haji Indonesia dhateng kitho mekah lan Madinah, sampun saget dipun tempuh namung kirang langkung 10 jam terbang. Ananging, Nabi Muhammad SAW, tindak saking Masjidil Haram dhateng Sidratil Muntaha, langit sap pitu wangsul malih dhateng Masjidil Haram, namung dipun tempuh ndalem wekdal mbaten ngantas setengah dalu. sampun kita aturaken, bilih kanthi ilmu pengetahuan lan tehnologi, manungsa saget nguasani luar angkasa, ananging lampahipun Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW sampun dumugi Sidrotul Muntaha. Marak langsung, ngadhep ing Ngarsanipun Gusti Allag SWT, nampi printah nindakaken shalat.

taksih wanten hubunganipun kaliyan keterangan ing nginggil, bilih Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW, nampi dhawuh shalat gangsal wekdal. kewajiban sedaya kaum muslimin, jaler istri. shalat ingkang dipun tindakaken kanthi kesadaran lan keihklasan, selaras kaliyan syarat lan rukunipun, minangka wujud saking iman lan taqwa ingkang mendalam, dhumateng keagunganipun Gusti. minangka Gustinipun sedaya manungsa, sedaya Malaikat lan Gusti ingkang nguwaosi jagat raya punika. pramila shalat mengku hikmah ingkang ageng tumrap kita sedaya, ingkang sampun saget nindakaken, kanthi ihklas lan kanthi kesadaran manah.

Sawatawis hikmah ingkang saget kita aturaken, ing keterangan punika, ing antawisipun :

  1. Shalat minangka mbusek sedaya dosa lan kalepatan ingkang alit, kados nyeleweng, duraka, sifat sombong, sifat ngrisak saha kalepatan sanesipun. ingkang wanten hubunganipun kaliyan Allah SWT, kaliyan alam sekeliling lan diri pribadi kita piyambak. salah satunggalipun sarana kangge mbusek kalepaten punika, kanthi nindakaken shalat. Dipun aturaken dening kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang artosipun : “Shalat limang wektu iku ibarat banyu kali sing mili ing sangarepe lawang, dheweke adus ing kali iku sedina sawengi ping lima, mula ing awake wus ora ana rereget maneh”.
  2. Nentremaken manah. gesang ingkang ayem tentrem dados dambaan sedaya manungsa. kangge mujudaken tentremipun manah mbaten namung kanthi cekapipun kebetahan lahir, bandha donya ingkang kathah, kacekapan sandhang dalah pangan , pangkat ingkang inggil, ananging ugi kedah kanthi sarana cekapipun kebetahan batos, kebetahan rohani. sahingga kanthi makaten kita mboten gampil ketaman raos gelisah lan keluh kesah, bilih ketaman musibah ugi kegagalan, sebab gelisah lan keluh kesah badhe ngicalaken kesabaran. kados dipun sebadaken wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Ma’arif ayat 19-12, ingkang artosipun :

إِنَّ ٱلۡإِنسَـٰنَ خُلِقَ هَلُوعًا (١٩) إِذَا مَسَّهُ ٱلشَّرُّ جَزُوعً۬ا (٢٠)

 “Satemene manungsa didadekake kanthi sifat keluh kesah lan kikir. Manawa ketaman musibah lan kesusahan dheweke keluh kesah. lan Manawa nampa kanikmatan dheweke banget ale kikir, kejaba wong kang nindakake shalat”.

  1. Minangka tanda syukur dhumateng Allah SWT. manungsa minangka mahkluk ingkang paling mulia, dipun wajibaken nyaosaken raos syukur dhumateng Allah SWT, dhumateng sedaya nikmat ingkang sampun dipun paringaken dhumateng kita sedaya. Kados nikmat al khoiqoh utawi nikmat rupi ingkang sampurna lan endah.  Kados dipun sebadaken wanten ing Al-Qur’an Surat At-Tin ayat 4 :

لَقَدۡ خَلَقۡنَا ٱلۡإِنسَـٰنَ فِىٓ أَحۡسَنِ تَقۡوِيمٍ۬

 “Satemene ingsung wus ndadekake manungsa kanthi sak apik-apike kedadehan”.

  1. Nyegah tumindak keji lan mungkar. Nurut ilmu jiwa perkembangan, manugsa bilih dipun priksani saking tingkah lakunipun, remen lan gampil nindakaken kalepatan. Meskipun bilih dipun priksani bleger lahiriyah kacipta kanthi sampurna. pramila kangge nebihaken sifat awan punika, kita sedaya kadhawuhan nindakaken shalat “ inna shalat tanha ‘anil fah sa’I wal mungkar”.

Pramila kanthi semangat lan hikmah Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW, Nabi Muhammad SAW nampi prentah shalat gangsal wekdal langsung saking Allah SWT, sumangga kita estokaken dhawuh shalat punika, ing tengah-tengahipun kerepotan nyambet damel kita, punapa malih ing saat kita kagungan wekdal ingkang longgar, kanthi ihklas krana Allah SWT lan ngupadi ridhonipun. Supados kacipta pagesangan ingang serasi lan seimbang antawisipun kepentingan ndonya lan akhirat. Sahengga kita dadas manungsa ingkang anggadhahi kapribadhen ingkang minulya, bekja ing ndonya lan ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.

Leave your comment here: