MANGERTOSI PEMIMPIN INGKANG DIPUN BETAHAKEN MASYARAKAT

MANGERTOSI PEMIMPIN INGKANG DIPUN BETAHAKEN MASYARAKAT

الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي جَعَلَ فِى الْأَرْضِ خَلِيْفَةً، وَاسْتَخَلَفَهُ فِى عِمَارَتِهَا وَسِيَاسَةِ النَّاسِ وَإِجْرَاءِ أَحْكَامِهِ بِأَنْوَاعِ الْحِكْمَةِ ، اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًاNAA عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ  صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ الْمُجْتَبٰى، وَعَلٰى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَئِمَّةِ الْعُلَمَاءِ  وَالزُّعَمَاءِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْكَامِ الْأُمُوْرِ لِأَجْلِ تَعْلِيْمِ الْعِبَادِ بِنُوْرِ الْهُدٰى اَمَّا بَعْدُ:

فَيَا مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ، وَأُحَذِّرُكُمْ عَنْ مَعْصِيَتِهِ وَاجْتِنَابِ نَوَاهِيْهِ، وَاتَّقُوْا اللهَ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ بِهَدْيِهِ وَآيَاتِهِ.

Sidang jama’ah jum’ah rohimakumulloh,

Wonten wanci ingkang sae puniko kawulo tansah ngajak dumateng poro sederek sedoyo lan dumateng awak kawulo pribadi, monggo kito sami taqwa lan taat marang Alloh swt. ateges tansah ngusahaaken pribadi kito sedoyo kangge nglampahi sedoyo perintah-perintahipun Gusti Alloh kanti saestu lan tansah usaha bade nebihi sedoyo awisan-awisanipun kanti sakiatipun. Lumantar tumindak taqwa lan taat ingkang lestantun kolowau mugio ndadosaken kito sedoyo pikantuk pitedah saking ngarsanipun Allah swt.amin-amin ya rabbal ‘alamin.

Poro sidang jama’ah jum’ah ingkang minulyo,

Wonten wanci-wanci sakmeniko katah sanget poro caleg ingkang foto-fotonipun sami dipun pasang wonten pinggir-pinggir dalan, wit-witan, lan panggenan rame sanesipun ingkang asring sanget dipun liwati deneng tiyang kanti harapan sakmangke saged kapilih wanten wanci pemilihan.

Pramilo wonten kesempatan ingkang sae meniko monggo kita sami sareng-sareng mahami sifat-sifatipun pemimpin lan poro wakil rakyat ingkang saged nylametaken kito sedoyo wonten ngalam dunyo ngantos ngalam akherat, kados sampun dipun dawuhaken deneng gusti Allah wonten surat al-Baqarah ayat 247 dumugi 248 :

وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ إِنَّ اللَّهَ قَدْ بَعَثَ لَكُمْ طَالُوتَ مَلِكًا قَالُوا أَنَّى يَكُونُ لَهُ الْمُلْكُ عَلَيْنَا وَنَحْنُ أَحَقُّ بِالْمُلْكِ مِنْهُ وَلَمْ يُؤْتَ سَعَةً مِنَ الْمَالِ قَالَ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَاهُ عَلَيْكُمْ وَزَادَهُ بَسْطَةً فِي الْعِلْمِ وَالْجِسْمِ وَاللَّهُ يُؤْتِي مُلْكَهُ مَنْ يَشَاءُ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ (247)

Nabine kaum Bani Israil (yakni Samuel) ngendiko marang kaumipun : “saktemen Alloh temen-temen wus ngangkat Thalut dados rajane sliramu kabeh”. Bani Israil njawab : “ kpripun kok Thalut saged dados rojo kito, padahal kito langkung berhak (langkung pantes) ngendaliaken pemerintahan katimbang piyambakipun ?lan piyambakipun ugi mboten dipun paringi kesugihan ingkang cekap?” Nabi lajeng njawab : “ saktemene Allah wus milih raja kanggo sliramu kabeh lan wus paring anugerah ilmu kang luas lan awak kang perkasa marang Thalut, Allah bakal paring kekuasaanipun dateng sinten kemawon ingkang dipun kersaaken. Lan gusti Allah puniko moho jembar peparingipun ugi moho mangertos sedoyo urusanipun”. 

Doktor Muhammad Sayyid Thantowi Syaikh al-Azhar Mesir rahimahullah naliko nafsiri ayat puniko wonten tafsiripun ngendiko: secara tabiat (nalar) kedahipun Bani Israil puniko manut dateng nabinipun, ananging malah sami nentang lan ngajak debat nabinipun masalah tiyang ingkang sampun dipun pilih deneng gusti Allah supados dados pemimpinipun Bani Israil, sinareng sami ngucap: “kados pundi kok Thalut ingkang dados pemimpin kito padahal ingkang langkung berhak puniko kito, sebab piyambakipun mboten dipun paringi kesugihan babarblas.

Saking crios puniko kito saged mahami bilih Bani Israil puniko mboten ngginaaken standar pemilihan ingkang leres jalaran kaum puniko namung ningali dateng nasab utawi keturunan lan katahipun bondo kemawon tanpo nimbang dateng sisi sanesipun ingkang langkung parek dateng kemaslahatan kados ingkang dipun jelasaken deneng gusti Allah lumantar nabinipun, kenging punopo kok saged mekaten? Keranten kaum puniko peningal atinipun sampun wuto lan pikiranipun tansah awon dateng pilihanipun Allah swt.

Perlu dipun mangertosi bilih Bani Israil puniko wonten kalih golongan yakni; setunggal, keturunanipun Lawe bin Ya’kub ingkang nyepeng kenabian kados dene nabi Musa lan Harun ingkang nggadahi darah biru saking keturunan ingkang gadah pangkat ingkang luhur. Kaping kalih, keturunanipun Yahuda bin Ya’kub ingkang nyepeng kepemerintahan kados dene nabi Dawud lan nabi Sulaiman ingkang sami dipun Anugrahi bondo ingkang sanget kathahipun ngantos saged mbiyayai kebetahanipun masyarakat lan sedoyo rakyatipun.

Dene menawi Thalut puniko mboten wonten keturunan saking salah setunggalipun kalih golongan kasebat, ananging Thalut puniko keturunan saking Bunyamin ingkang miskin ingkang mboten gadah pangkat lan derajat ingkang luhur, milo pantes menawi Bani Israil puniko mboten ridlo menawi Thalut ingkang dados rajanipun utawi pemimpinipun, mekaten miderek Imam as-Shawi pengarang kitab tafsir Shawi syarah kitab tafsir Jalalain.

Akhiripun nabinipun Bani Israil puniko negasaken pangendikanipun kados wonten ngajeng wau ingkang intinipun; Thalut puniko sampun dipun pilih deneng gusti Allah supados dados pemimpin ingkang sampun dipun anugerahi ilmu ingkang luas sihinggo saged bijaksana keputusanipun kanti sifat ingkang tawadu’ dateng pangeranipun lan ugi dipun paringi jasad ingkang gagah perkasa ingkang saged mantepaken sedoyo tiang lan pantes dados pemimpin perang.

Panci gusti Allah puniko langkung mangertos dateng kemaslahatanipun menungso katimbang menungsonipun piyambak. Pemimpin puniko mboten namung cekap modal sugihipun kemawon ingkang saged makmuraken lan majengaken rakyatipun, semanten ugi pemimpin puniko mboten cekap modal keturunan ingkang gadah pangkat lan kedudukan ingkang luhur. Ananging ingkang langkung penting inggih puniko ilmu pengetahuan, pengalaman lan keceradasan ingkang saged dados dasar keputusan-keputusanipun lan fisik ingkang kuat ingkang saged mbiyantu dateng kalaksananipun program-programipun sahinggo saged aktif lan mbekto tanggungjawab saking masyarakat kanti leres, efektif lan efisien.

Kejawi saking meniko pemimpin puniko kedah ingkang mampu saking pinten-pinten segi sehinggo sakmangke saged nglaksanaaken tugasipun kanti maksimal lan tuntas jalaran tiang meniko nggadahi keahlian ingkang mumpuni lan saged mbekto amanah saking rakyatipun. Sehinggo sedoyo urusan kepemerintahan mboten kasio-sio jalaran tumindakipun poro pejabat utawi poro pemimpin ingkang mboten amanah lan mboten mumpuni. Kados pangendakinipun kanjeng nabi:

فَإِذَا ضُيِّعَتْ الْأَمَانَةُ فَانْتَظِرْ السَّاعَةَ قَالَ كَيْفَ إِضَاعَتُهَا قَالَ إِذَا وُسِّدَ الْأَمْرُ إِلَى غَيْرِ أَهْلِهِ فَانْتَظِرْ السَّاعَةَ (رواه البخاري)

Mongko Naliko amanah dipun sia-siaaken tunggu mawon wanci (kerisaakan) ipun, tiang a’robi tangled : kados pundi amanah puniko kasiso-sio? Nabi njawab : naliko urusan dipasrahaken dateng tiang ingkang mboten ahline, tungguho wanci (kerisaakan) ipun.

Wonten mriki panci gusti Allah saweg ngersaaken bade ngrubah tradisinipun kaum Bani Israil ingkang tansah ngandalaken system keturunan, kedudukan lan kehormatan ingkang mboten mesti cocok kalian saben-saben zaman ingkang nggadahi keistimewaan piyambak-piyambak.

Milo selajengipun gusti Allah paring pitedah dateng Bani Israil tentang tondo-tondo kepemerintahanipun (Thalut) supados saged mantepaken manah lan imanipun dateng raja pilihanipun Allah ingkang dipun betahaken wanci niku, wonten surat al-Baqarah ayat 248 :

وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ إِنَّ آَيَةَ مُلْكِهِ أَنْ يَأْتِيَكُمُ التَّابُوتُ فِيهِ سَكِينَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَبَقِيَّةٌ مِمَّا تَرَكَ آَلُ مُوسَى وَآَلُ هَارُونَ تَحْمِلُهُ الْمَلَائِكَةُ إِنَّ فِي ذَلِكَ لَآَيَةً لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ (248)

Nabine kaum Bani Israil ngendiko marang kaumipun : “saktemene tondone (Thalut) bakal dadi raja, injih puniko wangsulipun tabut (peti) marang sliramu kabeh, ingdalem sakjeronipun wonten ketenangan saking pangeranmu lan bekas peninggalan keluarga Musa lan keluarga Harun, Tabut puniko dibeto deneng poro malaikat. Saktemene puniko sedoyo mengku tondo tumrap sliramu kabeh, lamon sliramu podo percoyo.

Kejawi Thalut dipun bekali ilmu lan jasmani ingkang kiat, ugi dipun anugerahi Tabut (peti) ingkang isinipun wonten kalih; rupi kitab Taurat – ingkang saged nenangaken lan mantepaken atinipun Bani Israil menawi bade perang, ingkang tansah dipun beto perang wonten barisan paling ngajeng sehinggo dados lantaran saged menang – lan rupi aturan peninggalan-peninggalan kuno saking keluarga nabi Musa lan nabi Harun leluhuripun Bani Israil ingkang menawi dipun cepengi saged nyebabaken gesang kanti mulyo wonten ngalam dunyo lan akherat. Keranten isinipun kitab Taurat rupi ajaran tauhid lan taqwa dateng gusti Allah ingkang saged mbimbing akidahipun Bani Israil sehinggo saged leres cocok kalian tuntunanipun gusti Allah, dene peninggalan-peninggalan puniko rupi pitutur-pitutur ingkang sae lan bijaksana.

Panci miderek crios poro ahli tafsir, Tabut puniko dados aji-ajinipun Bani Israil ingkang sanget dipun betahaken kangge ketentraman sedoyo ananging sampun dangu ical mboten wonten ingkang mangertos panggenanipun, pramilo Thalut puniko dugi dateng Bani Israil mbekto punopo ingkang dipun dados kebetahanipun masyarakat Bani Israil.

Menawi kito ningali dateng masyarakat Indonesia sakpuniko ugi mboten benten tebih kalian Bani Israil ingdalem mbetahaken setunggaling pemimpin lan poro pejabat ingkang estu-estu saged nggatosaken kalian kebetahanipun saben-saben  rakyat. Menawi Bani Israil meniko mbutuhaken pemimpin ingkang dipun anugerahi ilmu, jasmani ingkang kiat lan Tabut, masyarakat Indonesia ugi betah kalian pemimpin ingkang cerdas, gadah keahlian lan ingkang tansah nyepengi aturan-aturan kuno injih puniko Pancasila lan undang-undang 45 ingkang dados dasaripun rakyatipun Indonesia saged makmur lan sentosa.

Poro pejabat lan poro pemimpin ingkang wonten naming sekedik ingkang tansah nggatosaken isi lan maknanipun pancasila lan undang-undang 45 sehinggo katah ingkang sami lali kalian gangsal prinsip ingkang kawengku wonten pancasila nopo malih nilai-nilai ingkang manggen wonten undang-undang kasebat. Sajatosipun menawi sami nggatosaken puniko sedoyo insyaAllah Indonesia dados negari ingkang damai, tentrem lan gemah ripah loh jinawi. Temtu meniko ugi kedah dipun sarengi kalian prilaku masyarakatipun ingkang tansah taat lan taqwa dateng gusti Allah ugi saged milih wakil-wakilipun ingkang nggadahi watak ingkang sae soho ilmu lan keahlian kolowau.

jama’ah jum’ah rohimakumulloh,

Wusononipun mbenjang menawi wanci pemilihan kito kedah merhatosaken lan milih pejabat lan pemimpin ingkang saged nyelametaken dunyo lan akherat kito lan tansah dipun ridloni Allah swt. yakni ingkang nggadahi minimal kalih perkawis ingkang prinsip injih meniko ilmu lan keahlian, dipun tambah nggadahi sikap ingkang tawadlu’ dateng Alloh lan tiang sanes soho tansah merhatosaken tradisi ingkang sae arupi aturan undang-undang lan mendet pemanggih ingkang langkaung sae soho langkung maslahat kados prinsip ingkang wonten saklebetipun warga NU al mukhafazhotu ‘ala al qadiimis shalikh wal akhdzu bil jadiidil ashlah, kangge kemakmuran lan kemajenganipun masyarakat kito, sami ugi saking urusan dunyonipun langkung-langkung urusan agaminipun.

Mugi-mugio kita pinaringan poro pejabat lan pemimpin ingkang bijak, adil, shalih lan tansah dipun bimbing soho dipun ridloni deneng gusti Allah swt., amin-amin yaa robbal ‘aalaminn.

 

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: وَقُلْ رَبِّ أَدْخِلْنِي مُدْخَلَ صِدْقٍ وَأَخْرِجْنِي مُخْرَجَ صِدْقٍ وَاجْعَلْ لِي مِنْ لَدُنْكَ سُلْطَانًا نَصِيرًا (80) وَقُلْ جَاءَ الْحَقُّ وَزَهَقَ الْبَاطِلُ إِنَّ الْبَاطِلَ كَانَ زَهُوقًا(81)

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْم وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبّلَ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمْ وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

الخطبة الثانية

الْحَمْدُ للهِ الَّذِي نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، ونَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، اَشْهَدُ اَنْ لَآاِلٰهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ نَبِيِّ الرَّحْمَةِ كَاشِفِ الْغَمَّةِ، وَعَلَى اٰلِهِ وَالصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإحْسَانٍ اِلٰى يَوْمِ القِيَامَةِ، اَمَّا بَعْدُ:

فَيَا عِبَادَ اللهِ اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ تَعَالٰى اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ بِالصَّلَاةِ عَلَى نَبِيِّكُمْ قَدِيْمًا وَتَعْظِيْمًا وَتَكْرِيْمًا وَتَعْلِيْمًا لَنَا فَقَالَ تَعَالٰى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلًا عَلِيْمًا: إنَّ اللهَ وَمَلائكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللّٰهُمَّ  صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلٰى أَنْبِيَآئِكَ وَرُسُلِكَ وَأَتْبَاعِهِمْ وَالشُّهَدَآءِ وَالصَّالِحِيْنَ وَالْعُلَمَاءِ الْعَامِلِيْنَ الْمُخْلِصِيْنَ وَعَلىٰ مَلآئِكَتِكَ المُقَرَّبِيْنْ وَاَهْلِ طَاعَتِكَ اَجْمَعِيْنَ، اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ يَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ، اَللّٰهُمَّ  أَصْلِحْ وُلاَةَ أُمُوْرِنَا، وَأُمَرَآءَنَا وَ أَئِمَّتَنَا وَوُزَرَاءَنَا وَحُكَّامَنَا، وَمَشَايِخَنَا وَمَشَايِخَ مَشَايِخِنَا وَعُلَمَاءَنَا صَلاَحًا وَسَلاَمًا تَامًّا، وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ، اَللّٰهُمَّ أَيِّدْ بِهِمْ بِالْحَقِّ وَأَيِّدِ الْحَقَّ بِهِمْ يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ، اَللّٰهُمَّ ادْفَعِ الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ، وَالْجَدْبَ وَالْمُقَاتَلَةَ وَالْأَمْرَاضَ وَالطَّاعُوْنَ، وَمَوْتَ الْفُجْأَةِ وَمَيْتَةَ السُّوْءِ، وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ وَالفِتَنَ عَنَّا، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً، وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، رَبَّنَا وَابْعَثْ فِيْهِمْ رَسُوْلاً مِنْهُمْ يَتْلُو عَلَيْهِمْ أيَاتِكَ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَيُزَكِّيْهِمْ، إِنَّكَ أَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ، رَبَّنَا هَبْ لَنَا سُلْطَانً نَصِيْرًا، وَسُلْطَانًا مُطِيْعًا يُعِيْنُنَا بَعَوْنِهِ وَيَحْكُمُنَا بِحِكْمَتِهِ وَيُدَبِّرُنَا بِنِظَامِهِ الْمُتْقِنِ، وَ يَقُوْدُنَا بِعَقْلِهِ وَقَلْبِهِ إِلَى صِرَاطِكَ الْمُسْتَقِيْمِ، يَا ألله يَا رَبَّنَا إِنْ كُنَّا ظَالِمِيْنَ فَاحْكُمْ بَيْنَنَا بِحَقٍ وَلاَ ظَلِيْمٍ، وَإِنْ كُنَّا مَظْلُوْمِيْنَ فَانْصُرْنَا بِالْحَقِ الْمُبِيْنِ، رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ، وَلَاتَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ، رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ بِرَحْمَتِكَ يَاعَزِيْزُ يَا غَفَّارُ.

عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَاِيْتَآءِ ذِي الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكًّرُوْنَ، فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ ولَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

Leave your comment here: