SYI’IRAN ALA LA BAHASA JAWA KITAB TA’LIM MUTA’ALLIM
“Alala tanalul ilma illa bisittatin, saumbika an majmu bibayani: dzakaun, wa khirsun, wastibarun, wabulghotun, wairsyadu ustadzin, wa tuulu zamnin” Kecerdasan, semangat, sabar dan pakai ongkos (biaya) Petunjuk (bimbingan) guru dan dalam tempo waktu yang lama”
Elingo gak khasil ilmu anging nem perkoro
Bakal tak ceritakke kumpule kanthi pertelo
*Rupo limpad, lobo, sabar, ono sangune
lang piwulange guru lan sing suwe mangsane
*Jo takon songko wong siji takono kancane
kerono saktemene konco manut kang ngancani
*Yen ono konco olo lakune ndang dohono
yen ono konco bagus enggal ndang kancanono
*Ngajiho kerono ilmu mahesi ing ahline
lan ngunggulke lan dadi tonndho tingkah pinuji
*Onoho ngalap faedah saben dino ing tambah
songko ilmu lan nglangi segoronr faidah
*Ngajiho fikih kerono ngunggulke lan nuduhke
maring bagus lan wedi Allah luwih jejekke
*Ilmu fikih kang nuduhke dalane pituduh
Hiyo benteng kang nylametake sekehe pekiwo
*Wong ngalim fikih siji tur kang ngedohi haram
luwih abot timbang ‘abid sewu, mungguh syaithon
*Gedhene kerusakan wong ngalim gak ngelakoni
Luwih gedhe timbang iku wong bodho ngelakoni
*Karone iku agung-agunge fitnah dunyo
Tumrape wong kang tetanggan perkoro agama
*Siro kepingin dadi ‘alim fikih kang weco
ra tanpo kangelan edan iku werno-werno
*Onoto golek arto ora kanthi kangelan
dene ilmu koyo opo khasil gak kangelan
*Naliko sampurno akale kedhik guneme
lan nyatakno kumperunge wong yen keh guneme
*Matine wong sebab kepleset lisane
ora kok matine sebab kepleset sikile
*Dene mlesete lisan nekakke balang endhas
dene mlesete sikil suwe-suwe biso waras
*Wong duwe ilmu urip langgeng sakwuse mati
dene adon-adone bosok ning ngisor bumi
*Wong bodho mati khale mlaku ning ndhuwur bumi
den nyono wong kang urip nanging podho wong mati
*Kabeh wong maring derajat luhur obahe ati
Tapine kedhik poro rojul iku netepi
*Naliko ono siro iku wuwuran kaum
mongko ngancanono siro ing baguse kaum
lan siro ojo sok ngancani wong kang asor
mongko sebab den sor ke serto kang asor
Disikake ingsun ing guru ngareke bopo
Senajan oleh kamulyan ingsun songko bopo
*Dene guru iku kang ngithik-ithik ing nyowo
Dene bopo iku den serupaake koyo soco
Dene wong tuwo iku kang ngitihk-ithik ing rogo
Dene rogo iku den serupaake wadah soco
*Aku wis neqodake luwih khaq-khaqe bener
Yaiku khaqe wong kang nuduhake barang bener
Lan luwih tak teqodake luwih wajib den rekso
Mungguhe kabeh wong islam kepingin biso
*Guru wis mesthi dihadiahi sewu dirham
Mulyakke kerono mulang huruf siji tur paham
*Ningali ingsun maring siro kepingin mulyo
Mongko gak hasil mulyo siro yen during ini
*Naliko olo lakune wong olo nyanane
Lan bener nyanane wong bener pengadatane
*Ora ono menungso iku wujud perkoro
Kejobo sifat siji saking telung perkoro
Sewiji sifat mulyo kepindo mulyakne
Kaping telu iyo madani konco-koncone
*Dene wong sak dhuwur kuwakawu weruh derajate
Lan aku manut khaqe mero mergo khaq barang mesthi
*Dene wong sak podhoku lamun wong iku kleru
Podho ugo iku wong keluputan marang aku
Mongko aku wayah kenugerahan marang kang salah
Kerono nugerahan ngungguli shifat bungah
Dene wong sak ngisorku aku shobar biasa
Ngrekso kawirangan senajan aku den wodo
*Tinggalo siro ing wong siji olo lakune
Tegese ojo males olo kang dilakoni
Kerono bakal den cukupi kelakuane
Lan sekabehe barang-barang kang dilakoni
*Onoto kabeh dudu golongane wong tuno
Liwate kanthi nganggo di etung umur kito
*Ngajiho ilmu siro kerono gak no wong siji
Iku den anaake kanthi uwis mangerti
Dene wong duwe ilmu mulyane lan agunge
Gak podo wong kang bodho inane lan asore
*Lungoho soko deso perlu ngudi kamulyan
Kerono limang perkoro den temu ing palungan
*Siji ilange susah loro rizqine tambah
Kaping telu tambah ngelmu nyebabake bungah
Kaping pate biso bagusi ing totokromo
Kaping ,limo merkoleh konco kang mulyo-mulyo
*Senajan ono ing lelungan ngeroso ino ngumboro
Lan njunkung oro-oro lan ngelakoni sengsoro
*Uripe wong anom luwih apike matine
Ing deso kumpul wong kang adu-adu lan wong drengki